Jumat, 15 Agustus 2014

Contoh Pidato Bahasa Jawa (Perkembangan Teknologi)

Assalamualaikum Wr. Wb

Ingkang kinurmatan kepala SMA N 3 Tegal, Bapak Drs. Aziz Iqbal Msi. 
Ingkang kawula hormati guru basa Jawa XI MIA 3, Ibu Maemunah S.pd. 
Lan rencang- rencang kula kang kula tresnani.

Mangga kita ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah swt ingkang sampun  maringaken kita nikmat lan kewarasan.

Kula ngaturaken matur suwun dhumateng ibu guru basa Jawa lan rencang- rencang kula ingkang sampun dateng ing adicara iki.

Ing kaping kesempatan niki, kula badhe ngrembag babagan Perkembangan Teknologi Komunikasi ing Indonesia. Perkembangan teknologi sakmenika dipun betahaken sanget, amargi kebetahan manusia ingkang berubah sacara dinamis sairing wanci, tuladhanipun yaiku entenipun telepon, telepon punika panemon ingkang ageng, ingkang dipunpundi menawi kersa berkomunikasi mboten betah ngginakaken ruang uga wanci ingkang kathah.

Ing perkembangan sakmenika telepon kabel sampun mboten efektif malih, amargi mobilitas saking aktivitas manusia ingkang inggil. Jaman sakmenika hp sampun berkembang gelis uga linangkungipun malih, sakmenika hp dipun minggahaken fitur- fitur ingkang langkung canggih kados android ingkang gampil konjuk akses internet. 

Teknologi komunikasi yaiku pirantos utami konjuk sedaya umat ing donya konjuk nyagedaken informasi ingkang aktual ing jaman sakmenika. Tuladhanipun kados internet, manusia sanguh langkung gampil mengakses warta aktual ingkang sampun dirangkum uga dipun dhawahaken ing internet. Internet ugi sanguh linton informasi kaliyan tiyang ingkang enten ing donya bentenipun. Dampak agengipun internet konjuk generasi enom jaman sakmenika ingkang sampun mlebet era globalisasi.

Perkembangan teknologi ugi bakal sanguh mbiantu kamajengan nagari Indonesia, supados bangsa kita sedaya sanguh sejajar kelenggahanipun kaliyan bangsa majeng bentenipun.

Nanging ngginakaken teknologi komunikasi kalih dene internet, kedah langkung bijak, kita sedaya kedah mileh pundi ingkang positif uga pundi ingkang negatif, dadosipun kita sedaya mboten kejerumus datheng arah ingkang klintu. Dados kesimpulane yaiku teknologi sanguh berdampak positif kunjuk kamajengan mukawis bangsa menawi internet kasebut dipun ginakaken sacara bijak.


Cekap semanten saking kula. Menawi enten tembung- tembung ingkang kirang berkenan dipunmanah kula nyuwun pangapunten ingkang saageng- agengipun. matur nuwun 

Wassalamualaikum Wr. Wb